Plesiran Menyang Dieng(1)


Semesteran unggah-unggahan kelas nembe wae paripurna. Kajaba para siswa kang kudu nglakoni her kanggo ndandani bijine kang ala, siswa liyane padha nganakake klas meteng utawa pertandingan olah raga. Nalika leren lebar volli ning ngisor wit ringin pojokan sekolah, Hastho sakancane ketungkul rembug lan gegojekan.

Godril(karo kepet-kepet buku), “Hmmm……awan-awan, sumuk-sumuk jane paling enak mbadhog es degan karo mangan bakso, mak nyuuuuss enake!”

Galuh mangsuli, “Olah Dril, Godril! Kawit jaman Jepang nganti tekan jaman reformasi kok sing dipikir mung urusan wudhel bodhongmu wae!”

Lantip melu nimbrung, “Lha jenenge wae Godril, wis kondhang kaloka yen urusan mangan kudu nomer siji. Ning mbok yo sing sumbut to Dril!”

Godril takon, “Kurang sumbut apa to aku jal? Mau volli karo kelas IIC wae iso menang yo mergo sopo hayo?”

Hastho penasaran, “Lha pancene sing njalari volli menang mergo sopo?”

“Yo mesti wae mergo ubete cah enem sak regu, mosok mergo aku? Aku lak ming melu ngentekake pangane thok! Tur sing mesti kelase dhewe iso menang mergo kelas IIC kalah!” wangsulane Godril sulaya.

Hastho dadi jengkel, “Oalah Godril cah kenthir, dasar-dasar!”(karo ngeplak-ngeplak sirahe dhewe).

Kabeh bocah-bocah dadi ngguyu cekikikan krungu udure Hastho lan Godril.

Lantip banjur nengahi rembug, “Ora ngono sing tak karepke Dril. Maksude yen awakmu doyan akeh nggone memangan ki kudune ugo doyan karo pelajaran sekolah. Kudu luwih pinter kareben ora sia-sia sega sing numpuk ning gajihmu kuwi, hiiii…….malah nggegirisi!”

Galuh dadi anyel, “Wis-wis…..perkoro ngono wae digedhek-gedhekake! Mbok saiki ngrembug wae gawe acara apa kanggo ngisi preinan unggah-unggahan sesuk! Mosok geng Papat Sekawan mung trima ndekeker ning ngomah”.

Ing sekolahane Hastho, Lantip, Galuh, lan uga Godril tansah runtang-runtung ning ngendi wae bebarengan. Anggone kekancanan cah papat iku pancene luwih raket tinimbang karo kanca-kanca liyane. Mula banjur bocah-bocah marabi cah papat mau kanthi jeneng Geng Papat Sekawan.

Hastho sing mangsuli, “Ho’o sarujuk nek bab kuwi. Enake nopo ya?”

“Hayah malah genti takon, mikir-mikir to Dab! Mau jare aku sing kurang mikir, lha awakmu wae bisane mung tokan-takon ngono thok kok!”Godril mbales.

“Nek aku jane preinan sesuk arep dolan ning ngomahe pakdhe ning Kalijajar. Arep padha melu sisan po?” Lantip menehi keterangan bab rencanane.

Galuh sing senenge diajak dolan nabiki, “Pakdhemu kuwi sing endi Tip?”

Lantip banjur mangsuli, “Pakdhe Sudrun sing mbiyen nate kepethuk ning pasar manuk kae lho! Isih kelingan to awakmu?”

Galuh ngeling-eling karo mbedhek,”Oooo sing pas kuwi ngepit onta kae po? Pakdhe Sudrun sing seko tlatah Dieng to?”

“Lha iya, desa Kalijajar ki anane yo cedhak candi Dieng kono”, Lantip nerangke.

“Wah nek ngono iso sisan dolan ning candine kuwi. Mbok ayo nek arep studi tour menyang kono!”, semaure Hastho semangat.

Godril sajak dhelak-dhelek ora dong apa kang dirembug kanca-kancane. Dheweke banjur nrocos, “Ning kono panganane sing paling enak apa Tip?”

Galuh rada muring, “Lha lak mangan meneh sing dipikir. Nek ning Dieng ki sing kondhang ana karika, kacang Dieng, apa meneh Tip?”

Lantip nerangke,”Isih ana mie ongklok! Ning jane sing wigatine sopo sing setuju nek kanggo ngisi preinan semesteran iki geng Papat Sekawan studi tur menyang Dieng?”

“Aku….aku…..aku!”, wangsulane Hastho, Galuh lan Godril.

“Yo nek mengkono, dina Setu ngarep mangkat ning omahe Pakdhe Sudrun dhisik. Seko omahe Pakdhe ngko ben diterake muter-muter ning papan wisata sak kiwa lan tengene candi Dieng. Ok, setuju kabeh?” Lantip nanting kancane.

“Setuju……setuju……toss…..toss…..toss!” jawabe liyane karo padha tos-tosan.

“Sing jelas awake dhewe iso sisan dolan, sisan sinau papan kang ana crita sejarahe. Tur meneh bisa silaturahmi ning sedulur adoh yo Tip?” Galuh mungkasi rembug.


2 tanggapan untuk “Plesiran Menyang Dieng(1)”