Mbah Maridjan


SANG HARGA REKSA


Pangripta: Sang Nananging Jagad

 

Kondhang kaloka ing Nuswantara,

Luhur budine urip prasaja,

Abdi kinasih kraton Ngayoja,

Ngreksa Merapi sang arga raja.

 

Titah dalem Sultan Kasanga,

Urip mati labuh negara,

Sang Harga Reksa sedya ing karya,

Gugur raga ing madya pralaya.

 

Donga konjuk mring Hamengku Karsa,

Kabehing dosa antuk pangaksama,

Dalan padhang tumuju swarga,

Jiwa tentrem ing sak lamiya.

 

 

Cisitu, 27 Oktober 2010


11 tanggapan untuk “Mbah Maridjan”