PRALAYA MERAPI
Pangripta: Sang Nananging Jagad
Dhuwur misuwur ciptaning Kang Maha Kuwasa,
Redi Merapi ing tanah Jawi,
Papan dununge priyayi luhur lan wicaksana,
Ngabehi Harga Reksa sang juru kunci.
Dino selasa purwaning wengi,
Dadi seksi agunging pralaya,
Wedhus gembel tedhak ing bumi,
Methuk nyawa kang tanpa dosa.
Anane Mrapi kang mbangun karsa,
Minangka pepeling tumrap manungsa,
Kudu eling lawan waspada,
Marang Gusti Pangeran kita.
Ayo kanca enggal tindakna,
Mumpung nyawa dumunung ing raga.
Duh Gusti ……….
Pasrah kawula konjuk ing paduka.
Cisitu, 27 Oktober 2010
Turut berduka cita,,
moga Merapi kembali tenang….
menungsa do elingo
urip mung sedelo…
wis urip rekoso, ojo mbalelo!
R.I.P
wuaduhhh……