KAJI DUTO MEKORO

Koko1Rukun Islam kang pungkasan ya kuwi munggah kaji ing Mekah kanggoné wong kang duwé kesanggupan. Kesanggupan kuwi mau awujud kecukupan lair lan batin. Kecukupan lair nemu maksud cukup bandha kang kanggo sangu mangkat ing Mekah lan ugo tanpa nelantaraké jejibahan nyukupi nafkah marang kulawargané kang ditinggal ing ngomah. Déné kecukupan batin mengku teges wis gembleng tékat lan niaté, mandhep mantep imané, lan dilandesi ilmu nindakaké kaji kang bener.

Kaji mono saktemené tetembungan kanggo ngarani wong kang nembé nindakaké urut-urutané ibadah kaji. Dadi sakwisé jamaah kaji rampung anggoné nindakaké rukun lan syaraté ibadah ing Mekah, Medinah apadéné Arofah, kajiné wis rampung utawa paripurna. Déné yen kajiné ditompo ing Ngarsané Gusti Alloh, banjur diarani kaji kang mabrur. Mabrur tegesé sawijining kebecikan kang wis lulus ujian, kabecikan kang wis kebukti kasampurnané.

Kayadéné sholat, kaji uga tembung kriya alias kata kerja. Wong kang lebar nglakoni sholat ora banjur jenengé ditambahi titel “sholat” ing ngarep jenengé, dadi Pak “Sholat” Fulan umpamané. Mula asliné ora perlu tembung kaji kuwi kudu dipasang ing ngarepé jeneng wong kang wis nindakaké kaji. Opo meneh yen njur gelar mau njur digawé umuk-umukan.

Tuladha kang nyata kaya Kaji Duto tangga lor omah. Sak baré nindakaké kaji banjur lunga papan ngendi waé kudu nganggo kupluk putih. Jaréné ben ketok yen dheweké wis naté munggah kaji ing Mekah. Nek nyeluk dheweké kudu nganggo tembung Mbah Kaji Duto, utowo Pakdhé Kaji, sing mesti ora keno lali nyebut tembung “kaji”. Lho…..lho…..lha opo yo kudu mengkono?

Nek miturut Pak Guru Umar, jaréné mono sing penting wong Islam kang wis naté nindakaké kaji kuwi kudu iso dadi patuladhan kulawarga lan tangga teparoné. Kudu luwih mantep imané lan bisa njaga uga ngreksa hawa lan nepsuné. Wosing tembung kudu luwih becik tindak-tanduk lan akhlaké ing penguripan saben dinané.

Pancené béda sing dicritaké Pak Guru Umar karo kasunyatané Kaji Duto. Kaji Duto misuwuré malah wong kang atos ndasé, yen duwé penemu apa waé karepé kudu dituruti wong liyan. Yen rerembugan ora tau gelem ngalah ing sak padha-padhané. Sopo waé karépé kudu sarwa manut marang Kaji Duto. Wis ngono wong-wongané Kaji Duto arang nyrawungi tangga ing sakiwa tengené.

Aja meneh gelem jamaahan lan makmuraké mesjid utawa langgar, Kaji Duto arang banget ngambah mesjid. Ngambah mesjid mung cukup yen pinuju jum’atan waé. Jané mono mesjid ing kampung iku ora adoh seko omahé Kaji Duto. Ning mbuh kok dheweké ora tau gelem jamaahan. Sing lucu meneh, saben-saben wayah sembahyangan lan tangga teparo liyané agé-agé nuju ing papan pangibadahan, Kaji Duto malah necis nganggo kopiah putih kajiné banjur lelenggahan sinambi udad-udud ing tritikan ngarep omahé. Mbuh ya apa sing dadi karepé, aku dhéwé tekan sprené uga ora paham. Sipat kuwi mau ndadekaké wong-wong ing kampungku kurang seneng lan sreg karo kaji Duto. Mergo kuwi Kaji Duto banjur oleh tambahan jeneng “Mekoro”, dadiné Kaji Duto Mekoro.

Gusti Alloh mbok menowo njur ngelingaké Kaji Duto karo tumindak kang jumowo kuwi mau. Ndilalah tanggaku sing liyané nduwé bocah kang umurané isih kurang seko rong taun. Ning sing nggumunaké, bocah cilik iki senengé pol yen karo mesjid. Apa waé samubarang kang ana gegayutané karo mesjid mesti senengé. Ono mustoko, dungdung utowo bedhug, adzan lan nek nyebut sholat, bocah iki ngarani nganggo tembung Awwoh.

Nalikané keprungu swara adzan, bocah iku banjur wijik terus nganggo pecisé lan njranthal menyang langgar. Mergo dalan kang tumuju ing langgar kudu ngliwati ing ngarep omah Kaji Duto, bocah kuwi kudu ngliwati Kaji Duto sing agi ngebul udad-udud ing wektu sholat iku. Mergoné bocah mau uga ngerti unggah-ungguh lan tata krama kang diwisiki langsung saka Gusti Alloh, bocah kuwi banjur kulo nuwun karo Kaji Duto.

Suwé-suwéné mbok menowo waé Kaji Duto rumongso kesindir yen dikulo-nuwuni bocah cilik sing ngingklik tumuju ing langgar, Kaji Duto banjur ora wani ngetok udad-udud nalikané wektu sholat ferdlu. Mbok menowo waé Kaji Duto rumangsa isin karo bocah cilik. Snajan ngono, Kaji Duto nganti seprené ya durung gelem melu ngregengaké langgar utawa mesjid ing kampungé dhéwé.

Watak wantu kaya Kaji Duto kuwi jan-jané mirangaké. Kaji dadi salah sijiné simbol utawa pralambang agama Islam. Yen kaji-kaji ing negara iki akhlaké ala, mesti waé wong Islam sakabehé bakal melu dadi ala. Merga racun sak tetes, dadi rusak susu sak kuali. Sing mesti wong Islam liyanv melu gupak pulut senajan ora melu mangan nangkané babar blas. Tak kiro model Kaji Duto Mekoro iki mung ana ing kampungku wae.

Mugo waé para jamaah kaji kang saiki nembé munggah kaji ing tanah suci Mekah  bisa dadi kaji kang mabrur. Sing luwih penting meneh saklebaré bali ing tengahing masyarakat bisa dadi suri patuladhan ing urusan kabecikan. Bisa dadi panutan kang tansah nindakaké amar ma’ruf lan nahi munkar. Mbok menowo kanthi cara kuwi, masyarakat kang religius lan nduweni moral kang luhur bisa dadi kasunyatan. Masyarakat kang luhur akhlaké mesti waé bakal njalari negara dadi kuat. Kanthi mengkono negara kang tata tentrem kerta raharja, gemah ripah sarwa kecukupan butuhé bisa enggal dadi kasunyatan.

Ndalem Peniten, 6 November 2009

Berbagi